artikel babagan virus corona ( basa jawa )

             Apa sing diarani virus corona lan                                      carane ngatasi
             
                                Saka
                           Aisya Putri



Sapunika kabeh wong ngomong babagan virus corona. Virus corona utawa umume diarani covid19 wis nyebar ing kabeh negera kalebu Indonesia. Virus iki pisanan ditemokake ing kutha Wuhan China pungkasan wulan Desember 2019. Virus iki nyebar kanthi cepet, mung sawetara wulan virus iku saya sumebar ing sindenging jagad.

Miturut Yurianto, panyebaran virus isih kedadeyan ing masyarakat, sing nyebabake kasus Covid-19 ing Indonesia saya suwe saya mundhak. Pratelan kasebut dicritakake dening Yurianto ing konferensi pers saka Graha BNPB ing Jakarta Senin 13 Juli 2020 sore.

Sing diarani virus corona utawa virus SARS-Corona2 sing nyebabake Covid19 ( corona virus disease 2019 )  yaiku virus sing nulari dalane ambegan duwur ningsor lan nyebabake gagal ambegan sing kelakon cepet, lan ngrusak organ awak liane sampek nyebabake kematian.

Virus iki bisa nyebar kanggo manungsa lan bisa nyerang sapa wae saka bocah cilik menyang wong tuwa ngliwati cipratane banyu idu. Sampek sak iki dorong ditemukake vaksin gawe virus iki, nanging prathanda virus iki bisa diobati.

Prathanda uwong sing wes kena covid19 yaiku ngalami watuk , pilek , loro tenggorok, angel ambegan, lemes, lan kesel, sampek pneumonia ( radang paru paru ).

Kanggo nyegah panyebaran virus corona kita kudu jaga karesikan awak, utamane tangan. Gunakake sabun lan handsanitizer. Yen kate metu mesthi gunakake masker lan njaga jarak, aja nguthik mripat, irung, lan cangkem. Aja metu saka umah yen ora ono kapentingan. Yen awak e panas watuk utawa pilek langsung telfon utawa njalok tulung menyang tim medis.





Sumber :

https://nasional.kompas.com/read/2020/07/13/15392501/update-total-ada-76981-kasus-covid-19-di-indonesia-bertambah-1282?page=all

https://covid19.kemkes.go.id/situasi-infeksi-emerging/info-corona-virus/tanya-jawab-coronavirus-disease-covid-19-qna-update-6-maret-2020/





Komentar

Postingan populer dari blog ini

SOS4LOVEPROJECT 2020

Kemiskinan